DERO.NGAWIKAB.ID – Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna – makuna , uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa, utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan , — bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.

Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang sesambungan lan kulawarga, — gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan. Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.

Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik, murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk kauntungan.

Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake , dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong kang gegayutan karo pegaweyane.

Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung (kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan , nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut ing Wedhatama.

Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup.

Mula saka iku , kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap pegaweyan utawa perusahaan kita.

CARANIPUN SESRAWUNGAN:

Sesrawungan nggadahipun 2 cara inggih menika:

  1. Sesrawungan langsungIngkang dimaksut sesrawungan langsung inggih menika, tiyang satunggal dhateng tiyang satunggalipun sami padha kepanggih gapruk, ingkang disengaja utawi mboten disengaja
  2. Sesrawungan mboten langsungIngkang dimaksut sesrawungan mboten langsung inggih menika tiyang satunggal kaliyan tiyang satunggalipun mboten sami kepanggih ananging saged sami sesambetan.Ing jaman modern punika, kathah alat sesambetan ingkang canggih ingkang saged diagem sesrawungan,alat punika mboten naming tiyang enem ingkang saged ngagem ananging tiyang sepuh uga saged ngginakaken, umpaminipun: Facebook, Twitter, BBM, WhatsApp, Line, lsp.Kejawi saged diganakaken kangge sesrawungan wau, alat punika utawi lumrahipun kasebat Sosial Media (SosMed) ugi saged diginakaken kangge mangertosi dunia luar.

BAB KANG PERLU DIGATOSAKEN NALIKA SESRAWUNGAN:

  • Unggah ungguh utawa tingkah laku
  • Pangandikan ingkang sopan lan mboten nyinggung tiyang sanes
  • Nampi pamanggih tiyang sanes
  • Mboten mekso tiyang sanes nyembadhani pamanggihipun

MANFAAT SESRAWUNGAN:

  • Memperkuat tali silaturahmi
  • Menambah pengalaman
  • Menambah wawasan

Di Cuplik Dari Berbagai Sumber